Surah 1 · 7 verses · Unknown

Surah Al-Fatihah in Javanese

In English with tafsir
1:1

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

Awit ingkang asma Allah kang Maha Murah tur kang Maha Asih

1:2

ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Kabeh puji iku kagungane Allah kang mangerani 'alam kabeh

1:3

ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

Kang Maha Murah tur kang Maha Asih

1:4

مَٰلِكِ يَوۡمِ ٱلدِّينِ

Kang ngratoni ing dina Agama

1:5

إِيَّاكَ نَعۡبُدُ وَإِيَّاكَ نَسۡتَعِينُ

Namung dhumateng Padhuka kawula manembah, lan namung dhumateng Padhuka kawula nyuwun pitulungan

1:6

ٱهۡدِنَا ٱلصِّرَٰطَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ

Dhuh Allah, mugi nedahna margi leres dumateng kawula

1:7

صِرَٰطَ ٱلَّذِينَ أَنۡعَمۡتَ عَلَيۡهِمۡ غَيۡرِ ٱلۡمَغۡضُوبِ عَلَيۡهِمۡ وَلَا ٱلضَّآلِّينَ

(Inggih punika) marginipun para tiyang ingkang sami padhuka paringi nikmat dede (marginipun) tiyang ingkang sami kesasar. (Mugi-mugi Panjenengan nyembadhani panyuwun kawula)

Translation: Unknown.