بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ
86:1وَٱلسَّمَآءِ وَٱلطَّارِقِ
Demi langit lan kang teka ing wajah wengi
86:2وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا ٱلطَّارِقُ
Sapa kang meruhake sira, apa kang teka ing wajah wengi iku
86:3ٱلنَّجۡمُ ٱلثَّاقِبُ
Yaiku lintang kang padange nembus peteng
86:4إِن كُلُّ نَفۡسٍ لَّمَّا عَلَيۡهَا حَافِظٌ
Siji - sijine pengawal awak iku ora ana kang tanpa pengawal
86:5فَلۡيَنظُرِ ٱلۡإِنسَٰنُ مِمَّ خُلِقَ
Mulane, Manungsa amaspadakna, awake iku apa sing digawe
86:6خُلِقَ مِن مَّآءٍ دَافِقٍ
Sing digawe saka banyu sing mancrut
86:7يَخۡرُجُ مِنۢ بَيۡنِ ٱلصُّلۡبِ وَٱلتَّرَآئِبِ
Metu saka ing antarane geger lan iga
86:8إِنَّهُۥ عَلَىٰ رَجۡعِهِۦ لَقَادِرٌ
Allah kuwasa nguripake manungsa sawuse mati
86:9يَوۡمَ تُبۡلَى ٱلسَّرَآئِرُ
Hiya iku besuk dina qiyamat nalika wadi padha kawiyak
86:10فَمَا لَهُۥ مِن قُوَّةٍ وَلَا نَاصِرٍ
Ora bakal dheweke duwe kekuatan nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi
86:11وَٱلسَّمَآءِ ذَاتِ ٱلرَّجۡعِ
Demi langit kang ana udane
86:12وَٱلۡأَرۡضِ ذَاتِ ٱلصَّدۡعِ
Demi bumi kang bledhag metu thetukulane
86:13إِنَّهُۥ لَقَوۡلٌ فَصۡلٌ
Temen Al-Quran iku pangandikaning Allah kang bedakake bener lan luput
86:14وَمَا هُوَ بِٱلۡهَزۡلِ
Dudu sembranan lan jelomprongan
86:15إِنَّهُمۡ يَكِيدُونَ كَيۡدًا
Wong kafir padha nandukake pahekan kang elek banget
86:16وَأَكِيدُ كَيۡدًا
Ingsun uga males pahekane si kafir
86:17فَمَهِّلِ ٱلۡكَٰفِرِينَ أَمۡهِلۡهُمۡ رُوَيۡدَۢا
(Muhammad) Mulane para kafir srantekna, Ingsun uga nyerantekke sawatara rusake si kafir mau
Translation: Unknown.