Surah 88 · 26 verses · Unknown

Surah Al-Ghashiyah in Javanese

In English with tafsir

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

88:1

هَلۡ أَتَىٰكَ حَدِيثُ ٱلۡغَٰشِيَةِ

Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales

88:2

وُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ خَٰشِعَةٌ

Ing dina iku akeh awak padha konjem

88:3

عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ

Padha ngelakoni kangelan lan rekasa

88:4

تَصۡلَىٰ نَارًا حَامِيَةً

Lumebu ing geni murub

88:5

تُسۡقَىٰ مِنۡ عَيۡنٍ ءَانِيَةٍ

Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)

88:6

لَّيۡسَ لَهُمۡ طَعَامٌ إِلَّا مِن ضَرِيعٍ

Ora padha oleh pangan, kejaba eri

88:7

لَّا يُسۡمِنُ وَلَا يُغۡنِي مِن جُوعٍ

Ora bisa ngelemoni lan ora maregi

88:8

وُجُوهٌ يَوۡمَئِذٍ نَّاعِمَةٌ

Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak

88:9

لِّسَعۡيِهَا رَاضِيَةٌ

Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik

88:10

فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ

Manggon ana ing taman kang linuhung

88:11

لَّا تَسۡمَعُ فِيهَا لَٰغِيَةً

Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala

88:12

فِيهَا عَيۡنٌ جَارِيَةٌ

Ing kono ana bengawane mili

88:13

فِيهَا سُرُرٌ مَّرۡفُوعَةٌ

Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur

88:14

وَأَكۡوَابٌ مَّوۡضُوعَةٌ

Sarta pinggan unjukan kang wus tinata

88:15

وَنَمَارِقُ مَصۡفُوفَةٌ

Lan bantal kang jejer - jejer

88:16

وَزَرَابِيُّ مَبۡثُوثَةٌ

Apa dene babut kang gumelar

88:17

أَفَلَا يَنظُرُونَ إِلَى ٱلۡإِبِلِ كَيۡفَ خُلِقَتۡ

Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake

88:18

وَإِلَى ٱلسَّمَآءِ كَيۡفَ رُفِعَتۡ

Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur

88:19

وَإِلَى ٱلۡجِبَالِ كَيۡفَ نُصِبَتۡ

Lan gunung - gunung anggone padha didegake

88:20

وَإِلَى ٱلۡأَرۡضِ كَيۡفَ سُطِحَتۡ

Lan bumi anggone di gelar

88:21

فَذَكِّرۡ إِنَّمَآ أَنتَ مُذَكِّرٌ

Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)

88:22

لَّسۡتَ عَلَيۡهِم بِمُصَيۡطِرٍ

Sira dudu wajibe meksa marang dheweke

88:23

إِلَّا مَن تَوَلَّىٰ وَكَفَرَ

Amung wong - wong kang malengos lan maido

88:24

فَيُعَذِّبُهُ ٱللَّهُ ٱلۡعَذَابَ ٱلۡأَكۡبَرَ

Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe

88:25

إِنَّ إِلَيۡنَآ إِيَابَهُمۡ

Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)

88:26

ثُمَّ إِنَّ عَلَيۡنَا حِسَابَهُم

Nuli padha Ingsun timbang hala becike

Translation: Unknown.