Surah 83 · 36 verses · Unknown

Surah Al-Mutaffifin in Javanese

In English with tafsir

بِسۡمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ

83:1

وَيۡلٌ لِّلۡمُطَفِّفِينَ

Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker)

83:2

ٱلَّذِينَ إِذَا ٱكۡتَالُواْ عَلَى ٱلنَّاسِ يَسۡتَوۡفُونَ

Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep

83:3

وَإِذَا كَالُوهُمۡ أَو وَّزَنُوهُمۡ يُخۡسِرُونَ

Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan

83:4

أَلَا يَظُنُّ أُوْلَٰٓئِكَ أَنَّهُم مَّبۡعُوثُونَ

Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati

83:5

لِيَوۡمٍ عَظِيمٍ

Tumrap dina kang gedhe (qiyamat)

83:6

يَوۡمَ يَقُومُ ٱلنَّاسُ لِرَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ

Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh

83:7

كـَلَّآ إِنَّ كِتَٰبَ ٱلۡفُجَّارِ لَفِي سِجِّينٍ

Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin)

83:8

وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا سِجِّينٌ

Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa

83:9

كِتَٰبٌ مَّرۡقُومٌ

Buku kang ditulis

83:10

وَيۡلٌ يَوۡمَئِذٍ لِّلۡمُكَذِّبِينَ

Ing dina iku wong kang maido cilaka banget

83:11

ٱلَّذِينَ يُكَذِّبُونَ بِيَوۡمِ ٱلدِّينِ

Kang padha maido marang dina piwales

83:12

وَمَا يُكَذِّبُ بِهِۦٓ إِلَّا كُلُّ مُعۡتَدٍ أَثِيمٍ

Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa

83:13

إِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِ ءَايَٰتُنَا قَالَ أَسَٰطِيرُ ٱلۡأَوَّلِينَ

Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna

83:14

كـَلَّاۖ بَلۡۜ رَانَ عَلَىٰ قُلُوبِهِم مَّا كَانُواْ يَكۡسِبُونَ

Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine

83:15

كـَلَّآ إِنَّهُمۡ عَن رَّبِّهِمۡ يَوۡمَئِذٍ لَّمَحۡجُوبُونَ

Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane

83:16

ثُمَّ إِنَّهُمۡ لَصَالُواْ ٱلۡجَحِيمِ

Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim

83:17

ثُمَّ يُقَالُ هَٰذَا ٱلَّذِي كُنتُم بِهِۦ تُكَذِّبُونَ

Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen

83:18

كـَلَّآ إِنَّ كِتَٰبَ ٱلۡأَبۡرَارِ لَفِي عِلِّيِّينَ

O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur

83:19

وَمَآ أَدۡرَىٰكَ مَا عِلِّيُّونَ

Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur

83:20

كِتَٰبٌ مَّرۡقُومٌ

Kitab kang katulis

83:21

يَشۡهَدُهُ ٱلۡمُقَرَّبُونَ

Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni

83:22

إِنَّ ٱلۡأَبۡرَارَ لَفِي نَعِيمٍ

Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha

83:23

عَلَى ٱلۡأَرَآئِكِ يَنظُرُونَ

Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang

83:24

تَعۡرِفُ فِي وُجُوهِهِمۡ نَضۡرَةَ ٱلنَّعِيمِ

Katon ing wajahe cahyaning nugraha

83:25

يُسۡقَوۡنَ مِن رَّحِيقٍ مَّخۡتُومٍ

Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap

83:26

خِتَٰمُهُۥ مِسۡكٌۚ وَفِي ذَٰلِكَ فَلۡيَتَنَافَسِ ٱلۡمُتَنَٰفِسُونَ

Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku

83:27

وَمِزَاجُهُۥ مِن تَسۡنِيمٍ

Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur

83:28

عَيۡنًا يَشۡرَبُ بِهَا ٱلۡمُقَرَّبُونَ

Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah)

83:29

إِنَّ ٱلَّذِينَ أَجۡرَمُواْ كَانُواْ مِنَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ يَضۡحَكُونَ

Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu

83:30

وَإِذَا مَرُّواْ بِهِمۡ يَتَغَامَزُونَ

Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan

83:31

وَإِذَا ٱنقَلَبُوٓاْ إِلَىٰٓ أَهۡلِهِمُ ٱنقَلَبُواْ فَكِهِينَ

Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram

83:32

وَإِذَا رَأَوۡهُمۡ قَالُوٓاْ إِنَّ هَٰٓؤُلَآءِ لَضَآلُّونَ

Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar

83:33

وَمَآ أُرۡسِلُواْ عَلَيۡهِمۡ حَٰفِظِينَ

Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke

83:34

فَٱلۡيَوۡمَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مِنَ ٱلۡكُفَّارِ يَضۡحَكُونَ

Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir

83:35

عَلَى ٱلۡأَرَآئِكِ يَنظُرُونَ

Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir

83:36

هَلۡ ثُوِّبَ ٱلۡكُفَّارُ مَا كَانُواْ يَفۡعَلُونَ

sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni

Translation: Unknown.